- Tegese unggah-ungguh
Unggah ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama. unggah ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun ngginakaken). Tiyang ingkang badhe ngetrapaken unggah- ungguh boten badhe uwal saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kemawon.
Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah nggatosaken :
- Sinten ingkang gineman
- Sinten ingkang dipunajak gineman.
- Sinten utawi punapa ingkang dipunginemaken.
- Wekdalipun rikala gineman.
- Papanipun rikala gineman.
- Swasana rikala gineman.
- Perangane
miturut kajian andhranipun Sudaryantto (1983) utawi Ekowardoyo dkk.(1993) wonten ing salebetipun waosan unggah-ungguh basa bilih tata pranataning basa wonten ing tataran basa jawa utawi undha –usuk punika kaperang dados 4 inggih punika
- Basa ngoko lugu
- Basa ngoko alus
- Basa krama lugu
- Basa krama alus
- Titikane undha-usuk
Ngoko Lugu
Wujudipun sedaya ngginakaken tembung ngoko, boten wonten tembung kramanipun.
- Ngoko Alus
- Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang dipunkramakaken inggih punika peranganipun badan/salira ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan agemanipun/sandhanganipun tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung aku tetep boten èwah.
- Tembung kowé èwah dados panjenengan utawi sliramu (panjenengan manawi ingkang dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramu manawi ingkang dipunajak gineman wau langkung enèm.
- Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko.
- Ngoko Alus
- Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang dipunkramakaken inggih punika peranganipun badan/salira ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan agemanipun/sandhanganipun tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung aku tetep boten èwah.
- Tembung kowé èwah dados panjenengan utawi sliramu (panjenengan manawi ingkang dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramu manawi ingkang dipunajak gineman wau langkung enèm.
- Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko.
- Ngoko Alus
- Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang dipunkramakaken inggih punika peranganipun badan/salira ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan agemanipun/sandhanganipun tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
- Tembung aku tetep boten èwah.
- Tembung kowé èwah dados panjenengan utawi sliramu (panjenengan manawi ingkang dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramu manawi ingkang dipunajak gineman wau langkung enèm.
- Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko.
- Cak-cakane
NGOKO LUGU
Ginanipun kanggé gineman:
- Tiyang sepuh dhateng ingkang kaprenah enèm (putranipun, wayahipun, muridipun punapa déné dhateng laré anèm sanèsipun).
- Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran ingkang sampun kulina sanget, tuladhanipun laré kaliyan kancanipun.
- Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
NGOKO ALUS
Basa punika kaginakaken déning tiyang ingkang sampun supeket (akrab) nanging tasih gadhah raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp.
KRAMA LUGU
Ginanipun kanggé gineman:
- Dhateng sesamining kanca ingkang dèrèng raket supeket (akrab).
- Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enèm, ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enèm nanging wajib kinurmatan.
- Tiyang ingkang gadhah kalenggahan (drajatpangkat) Inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
- Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
KRAMA ALUS
Ginanipun kanggé gineman:
- Tiyang ingkang gineman dèrèng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat Alus.
- Tiyang ingkang gineman langkung enèm yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
- Tiyang ingkang gineman langkung cendhèk drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
- Dialog/Pacelathon
Dialog/Pacelathon yaiku wawan rembug kang katindakake dening sawenehe wong kang ngrembug babagan tinamtu. Wonten ing pacelathon, kedah gatekakeu nggah-ungguhing basa.
- Tuladha pacelathon
Pirembagan wonten lingkungan keluarga
Wis samesthine anak/putra iku nalika matur marang wong tuwane becike nggunakake basa Jawa krama alus kanggo ngurmati bapak utawa ibune. Satemene mono panganggone basa Jawa krama alus ora mung kanggo anak marang wong tuwane, nanging bisa uga kanggo putu marang eyange, ponakan marang pakdhe/budhene utawa paklik/bulike. Tuladha panganggone basa Jawa krama alus sing digunakake dening anak marang wong tuwane.
Wacanen teks pacelaton ing ngisor iki pirembagan antarane Bapak, Ibu kaliyan anake Danang lan adine Hastu.
Danang : “Bapak, kalawau dalu sare tabuh pinten, ta? Kok kadingaren ngantos tabuh gangsal nembe wungu.”
Bapak : “Jam 02.00. Lha wong nrungoke wayang, lakone kok apik temen. Lha kowe turu jam pira?”
Ibu : La iya bapak saike menawi sare asring dalu, remenane mirengke wayang ana ing radio.
Danang : “Menawi kula tilem tabuh 11.00 dalu, bakda ningali bal-balan wonten RCTI. Ngendikanipun Ibu, Bapak badhe tindak dhateng Surabaya, menapa saestu?”
Hastu : menawa bapak tindak Surabaya aku tak dherek mas
Danang : Kowe ora usah melu bapak tindak surabaya ora piknik, mung ngayai tugas kantor.
Ibu : Menawa arep melu matur karo bapak kana?
Bapak : “Ya, bener. Apa arep pada melu?”
Ibu : mengko yen pada dherek malah ganggu nyambutdamele bapak.
Danang : “Boten. Kula badhe kesah piyambak dhateng Rawa Pening kaliyan kanca-kanca.”
Bapak : “Lha wis jaluk sangu ibumu durung?”
Danang : “Sampun, malah ugi dipunparingi sangu kaliyan Eyang.”
Ana ing tuladha pacelaton kasebut anatarane bapak, ibu lan Danang karo adhine Hastu bisa dimangerteni bab undha-usuk basa, Menawa Bapak ngendika kaliyan Ibu lan anake gunaake bsas ngoko lugu, menawa Ibune ngendika kaliyan Bapak migunaake basa krama lugu lan menawa karo anake migunaake basa ngko lugu
Putrane Danang kaliyan Hastu matur kaliayan tiyang sepuh gunaake basa krama alus, menawa Danang kaliyan adhine hastu gunaaken basa ngoko lugu lan adhine hastu matur karo kakange gunaake basa ngoko alus. Menika cak-cakane tuladha sesambetan ana ing lingkungan keluarga.
Relevansi babagan materi unggah-ungguh wonten nginggil inggih punika siswa kedah migatosaken saha ginaaken bab unggah-ungguh kagem sesambaten kaliyan tiyang sanes amaragi wonten unen-unen “ Ajining dhiri gumantung kedaling lathi” ingkang gadhahi pitutur bilih menawi awakipun piyambik nyuwun dipunajeni kosok wangsulipun kedah ngajeni tiyang sanes.
Relevansi sanesipun babagan materi Unggah-ungguh inggih punika wonten ing pagesangan masyarakat jawa dipunbiwaraaken kanthi slogan “Ngajeni”.
Ngajeni punika cekakan saking “ Ngapurancang, Jempol, Nuwun Sewu utawa dherek langkung, nyuwun pangapunten, matur nuwun, mangga, inggih”
- Ngapurancang dipunginaaken nalika ngadhep tiyang dipunhormati
- Jempol kanggp nedhahaken papan utawa ngaturi dhateng tiyang sanes
- Nuwun sewu utawa dherek langkung dipunginaaken nalika nglangkungi tiyang
- Nyuwun pangapunten menawa lepat
- Nalika diparingi ngucap matur nuwun
- Nalika ngaturi utawa ngajak mangga
- Nalika pirembagan dipunsisipi tuturan inggih, inggih, inggih.
KAPUSTAKAN
Sasangka, Sry Satriya Catur. 2005.Kamus Jawa-Indonesia Krama-Ngoko.Jakarta: Paramalingua.
Hardyanto, dan Esti Sudi Utami. 2001. Kamus Kecik Bahasa Jawa Ngoko- Krama. Semarang: Lembaga Pengembangan Sastra dan Budaya.
Sasangka, Sry Satriya Catur. 2013. Paramasastra gagrag Anyar Basa Jawa.
Jakarta:Paramalingua